PAIMIN MILIH
Cerpen Bahasa
Jawa
Uli Retno
Dewanti
“Mas, mas, sampeyan pun dangu
mande wonten mriki?”
“Wah, urung suwe-suwe banget
Mas. Setengah tahun kira-kira.”
“Nanging nggih laris tha
mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.”
“Lumayan, kena kanggo ngragati
sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi bocahe saiki padha
melu ewang-ewang.”
“Sampeyan lho, saget ngragati
anak loro sekolah kok diarani