Jumat, 23 Mei 2025

Wali Prakosa, Saka Tatal lan Madege Perdikan Cahyana

 Wali Prakosa, Saka Tatal lan Madege Perdikan Cahyana

 

“Iki crita babagan anane paraga kang asma Wali Prakosa, kang nate bebarengan karo Sunan Kalijaga, lan Raden Patah melu yasa saka tatal ing Mesjid Demak”.

 

Lajering crita iki, nitik saka kang tinulis ing catetan: “Cariyosipun Redi Munggul”, catetan kang dadi baboning Babad Perdikan Cahyana, dene ukarane mangkene:

--- “Kacariyos Pangeran Kalijaga saweg tapa ing Giri Mlaka, sidik paningalipun lajeng jengkar. Sak dinten sak ndalu saged dumugi ing Demak. Anjujug lenggah ing pancabrakan, pinanggih kaliyan Pangeran Wali Prakosa.

Pangeran Kalijaga ataken: “Lho Si Anak napa sing dadi bubuhan andika?”
Pangeran Wali Prakosa mangsuli; “Kula kabubuhan saka satunggal”.
Pangeran Kalijaga mangsuli malih: “Heh Anak, kula kang badhe ambantu nggrabahi sarta ngalusi”.

Nunten Wali kakalih wau enggal tumandang nyambut damel, sami mendet tatal. Lajeng dipun gulingaken kaping sakawan, insya Allah ta’ala iman tokhid ma’ripat Islam, tatal dados blabag, kaelus nunten dados balok.

Ki Mahdum Wali Prakosa munjuk ing Kanjeng Sultan, “Nunten Kanjeng Sultan, totosan sampun kula damel” __

===

Kang bisa dadi catetan mirunggan, njlentrehing ukara:

·        Ana paraga telu kang tinulis yaiku: Wali Prakosa, Sunan Kalijaga lan Kanjeng Sultan (Sultan Alam Akbar al-Fatah).

·        Wali Prakosa kautus yasa saka siji, ukarane, “Kula kabubuhan saka satunggal”

·        Kanjeng Sunan Kalijaga amung ambantu yasa saka, ukarane, “kula kang badhe ambantu nggrabahi sarta ngalusi”.

·        Kang kayasa dening Wali Prakosa, binantu dening Sunan Kalijaga, iku “saka tatal”, ukarane, (1) sami mendet tatal, lan (2) tatal dados blabag, kaelus nunten dados balok.

·        Kang ngutus yasa saka (balok, totosan) iku Kanjeng Sultan, ukarane nalika Wali Prakosa munjuk atur ing ngarsane  Kanjeng Sultan, “Nunten Kanjeng Sultan, totosan sampun kula damel”

 

Dadi yen kawawas saka catetan ing nduwur iku, banget gamblange, yen kang yasa saka tatal iku Wali Prakosa. Ukarane banget trewaca: totosan sampun kula damel. Tembung “kula”, nggenahna yen sing gawe iku “kula” tembung panglirune (kata pengganti) kanggo asma Wali Prakosa!”

Balok utawa saka iku dadi salah sijine saka ing Masjid Agung Demak, banjur katelah kanti jeneng “saka tatal”. Miturut candra sengkala memet kang ana ing masjid, ana gambar bulus, ngandut ukara “Sarira Sepi Kiblating Gusti”, minangka tenger yen Masjid Agung Demak iku kayasa ing tahun Saka 1401, utawa Tahun 1479 Masehi.

Banjur yen ana panemu liya, sapa sejatine kang yasa saka tatal, nggih sumangga, muga dadia lajering panaliten kang luwih premati, bisa kanggo gawe regenging pirembugan babagan Sejarah Jawa, mligini Kabudayan Jawa.

===

Wali Prakosa ing wektu liyane, telung taun sawise Masjid Agung Demak mawujud, ana Layang Pisungsung saka Sultan Demak, katiti mangsa Tahun Saka 1403 (1481 M), Mahdum Amal diparingi asma Wali Prakosa, tlatah asale kababar madeg dadi tlatah perdikan, kanti jeneng Perdikan Cahyana.

Layang Pisungsung kang wigati iku, ukarane mangkene:

---“Penget layang kang idi Pangeran Sultan ing Demak. Kagaduha dening Mahdum Wali Prakosa ing Cahyana. Mulane anggaduha layang Ingsun dene angrowangi amelar tanah, sun tulusaken pamardikane pesti lemah, pamardikane Allah, tantaha ana angowahana ora sun wehi suka halal dunya aherat. Anaha anak putu aba aniaya. Mugaha kena gutukking Allah lan oliha bebenduning para Wali kang ana ing Nusa Jawa. Estu yen Peperdikaning Allah. Titi.---

===

Njlimeti lajer kang katulis ing nduwur iku, paling ora ana papat kang wigati, kang bisa kadudut dadi punjering kawruh:

·        Masjid Agung Demak, madeg ing taun 1479, nalika Sultan Alam Akbar al-Fatah jumeneng panguwasa ing Kraton Demak.

·        Kang den utus yasa saka tatal yaiku Wali Prakosa, kabiyantu dening Kanjeng Sunan Kalijaga.

·        Taun 1481, Mahdum Amal diwenehi asma Wali Prakosa, lan trewaca kaserat ing sawijining layang pisungsung kang banget wigatine.

·        Taun 1481 iku uga, dening Sultan Alam Akbar al-Fatah tlatah panggonane Wali Prakosa, kababar madeg dadi Perdikan Cahyana.

 

===

Muga dadi tambahing kawruh, yen ana crita kang kacatet ing: “Cariyosipun Redi Munggul” lan “Layang Pisungsung saka Sultan Demak bab madege Perdikan Cahyana ing tahun 1481 M”. Sejatine kang tinugas lan yasa “saka tatal” iku Wali Prakosa (Mahdun Amal), Kanjeng Sunan Kalijaga among ambiyantu. Perdikan Cahyana saikine kalebu ing rong tlatah kecamatan, yaiku Karangmoncol lan Rembang, Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah.

.

Mugi migunani, nambahi seserepan. Nuwun!

Toto Endargo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar