Rabu, 14 November 2012

PAIMIN MILIH


PAIMIN MILIH

Cerpen Bahasa Jawa
Uli Retno Dewanti


“Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten mriki?”
“Wah, urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.”
“Nanging nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.”
“Lumayan, kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”
“Sampeyan lho, saget ngragati anak loro sekolah kok diarani
lumayan. Hebat niku mas. Saking angkringan saget nyekolahke anak. Mangka sakniki sekolah niku mboten saben tiyang saget sekolah, mboten saben tiyang saget nyekolahke anak, njenengan saget nyekolahke anak loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat niku”
“Kuwi rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani lumayan. Sing tuku ya lumayan akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh tumrap aku bisa kanggo nyekolahke anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi utang, nek ana iuran kana iuran kene ngana kae.”
“Kok nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa sing biasane katelasan sangu.”
“ He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.”
“ Enggih tha.”
“Lha iya.”
“ Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.”
“ Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan mas, penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”
Eh, jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh banget bab lelakone ana ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli ndesa, Klaten. Klaten sing sisih ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah ndesa.
Nalika durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha. Jare bedha tenan kahanan ndesa karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora ana lampu. Dheweke kawit cilik uwis wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana tetep padhang jingglang. Ana rembulan ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa luwih seneng nang kutha, dheweke dhuwe cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh menawa dheweke urip nang ndesa. Emoh menawa kudu bali menyang ndesane.
Tau, ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge Siti. Siti rupane ayu. Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang. Bareng kenal, kekancan, terus Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe esuk karo ngeterke kerja, sebab wayah sore dheweke kudu siap-siap dodolan.
Srawunge apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging, wayah dheweke dolan, nalika Siti njupuk wedang, Paimin krungu, emake Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti menawa omahe sing dipanggone Siti lan keluargane isih ngontrak, dheweke kaget. Mikir-mikir. Dheweke mung tukang angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti mesti kudu ngrewangi bayari kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke kuwi dienggo nyukupi urip wae mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih ngontrak kuwi mau, Paimin wis ora tau dolan maneh. Ora gelem. Diweling-welingake karo Siti, tetep ora digagas. Pokoke wis ora dolan maneh.
Sawise ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong wadon liya. Jenenge Mirna, jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar kene, mangkana pamikire Paimin. Mirna bocahe manis. Patrape uga nyenengake. Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin banjur sering mangan soto ana ing warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang warung kana. Warung Soto Sederhana. Bocah loro banjur kekancan.
Niteni kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan, Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga sing ngladeni Mirna, Paimin menawa tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula Paimin seneng-seneng wae mangan nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan, Paimin banjur bisa gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk dolan nang ngomahe. Panjaluke kuwi mau disaguhi karo Mirna. ”Suk Minggu ya mas, sedino nang ngomahku,” wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe Paimin. Menawa omahe cedhak kene, sore aku isih bisa dodolan, pikire.
Dina minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana. Numpak sepeda motor. Paimin pancen duwe sepeda motor, sanajana wis katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis ora bisa distater tangan. Menawa lagi rewel malah gelem mogok. Lamun nggono, kuwi mau wis bisa dienggo jalaran Paimin rada gembagus.
Warunge bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi ora arep kerja. Marga Paimin arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong Mirna ya wis suwe ora tau pamit. Wong ya ora tau lara, ora tau duwe kepentingan. Mlebu kerja terus.
“Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na?” pitakone Paimin. “Wis, saiki Mas Paimin mlaku wae, mrana. Mengko tak abani menawa belak-belok.”
Paimin mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh banget. Malah arahe kok arah menyang ngomahe Paimin dhewe. Arah Klaten. “Kok adoh banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul omahe Mirna Klaten. Klaten ndesa. Luwih ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe pucuk gunung. Pucuk sak pucuk-pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul ndesa, tur sore mengko Paimin ora bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.
Omahe Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang ndesa. Wis dadi cita-citane kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha. Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti tiba mburi uripe nang ndesa. Durung menawa mengko kepeneran kudu nunggu mertua. Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora tau maneh mangan soto ana ing Warung Soto Sederhana.
Rada suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti sawijine dina, nalika tuku cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo anake sing bakul cakar. Cakar pithik. Barang siji iki pancen akeh sing seneng. Neka-neka sebabe seneng karo cakar kuwi mau. Paimin ngerti wae, sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong sing padha jajan nang angkringane, bab ngapa kok seneng mangan cakar. Keneng apa sing jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak mestine luwih empuk tur ndaging.
Kaya biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan dhisik karo bakule. Lha wis kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh. Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran ngajak anake wedok. Jare anake kuwi sisan karo arep tuku sabun lan keperluan liyane. Dadi si Inah, mengkana jenenge anake kuwi mau, melu menyang pasar. Banjur nunggu sisan emake rampungan olehe dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh kenalan. Bocah wadon anake bakul cakar. Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora patia ayu. Batine Paimin.
“Nggih sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.”
“ Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.”
“ Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan,” pangajake Paimin marang Inah.
“ Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.
Paimin mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo Inah. Nganti rada suwe. Ketemu maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit sing digawa kurang. Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok sing dienggo wingi sore. Paimin pancen ora ngganggo kathok sing dienggo wingi sore. Dheweke ganti kathok merga, kathok sing kuwi arep dienggo maneh sore mengko. Dheweke ora sreg menawa mengko sore pas bakulan ngganggo kathok sing saiki dienggo.
“Nggih pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula diancer-anceri mawon griyane sampeyan. Lha pripun malih, turene sampeyan arthane badhe pun ginaaken kangge kulak cakar.”
Awane Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar. Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah. Wiwit dina kuwi, Paimin orao kerep banget, nanging kadhang-kadhamg dolan menyang omahe Inah. Karo bapak ibune dikirane bocah loro kuwi padha senengan lan arep bebojoan. Wong tuwane sajak seneng wae menawa bebojoan kuwi mau kedadean tenan.
Sanajan Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora seneng-seneng tenan lan ora kepingin banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa keluargane Inah panguripane ora susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora asli kutha kene, nanging omahe wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke dhewe. Anak tunggal maneh. Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa melu omah nang kono. Ora mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine. Ndah sepine omah menawa si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya omah nang kana wae.
Paimin seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine durung sreg menawa bebojoan karo Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin, kanthi rupa kang bisa diarani bagus, isih bisa oleh bojo sing luwih ayu saka Inah. “Kena dipamer-pamerke,” jare kancane. Paimin manthuk-manthuk wae. Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane sing luwih ayu. Mengkone bakal dipek bojo.
Kanthi pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone dolan menyang omahe Inah. Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi golekan. Malah bapake Inah sing nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah nggoleki, nang papan biasane Paimin dodolan, kepasan Paimin lagi wae leren olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke bakalan seminggu ana nang ngomah. Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake karo bapake Inah. Nang panggonane kang disewa dienggo turu ora ana. Nanging bapake Inah isih beja diwenehi ngerti alamate omahe Paimin nang Klaten.
Setu awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang kutha anggone bakul angkringan, bapake Inah teka. Bareng tetakonan ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa kok Paimin ora tau dolan maneh nang ngomah. Jare digoleki karo si Inah. “Menawa ana masalah mbok dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho ditakokake karo Inah,” mangkana tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu mbingungi semu isin.
Dina setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe Inah wong olehe budhal bareng karo bapake.
”Saiki kuwi Mas, anakku wis loro,” ujare Paimin ngrampungi ceritane marang pawongan kang jajan ana angkringane.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar